Manungso iku luwih OLO tinimbang
SYETAN
Ora ono syetan iku teler,syetan gendak an
,syetan rasan-rasan lan liyo liane , lha
manungso iku bendinten nglakoni duso..
Wonten sejarah persyetanan ,syetan niku duso
kalih gusti Allah namung ping pisan thok
,nalikane syetan di kengken sujud maring nabi
Adam syetan boten purun, Gara-gara boten
purun akhire syetan di kutuk kalih gusti Allah
sampek dinten kiamat.
Wonten ing kitab: Enten tiang jaler mlaku-
mlaku ,zaman tabi'it tabi'in putune shohabat
,naliko mlaku-mlaku di sopo kaleh maklhuk e
gusti Allah , ''Pak arep nang ndi...?''
- Di jawab ''Arep mlaku-mlaku''
''Aku oleh melok''
- Di takok i Man anta '' sampean sopo...?''
Kenalaken pak ana syaiton ''Aku syetan , kulo
kepingin melu mlaku-mlaku kalian jenengan''
Bareng mlaku-mlaku niki wau ko delalah
dhuhur liwat gak sholat ,asar gak sholat
magrib wonge yo gak sholat isya' wonge arep
mapan turu banjur syetane mlayu.
Di celuk karo wonge ''lho keno opo tho kok
kowe mlayu...?''
Ana akhofu minka ,jare syetan '' Aku wedhi
karo sampean pak''
_''Lho keno opo wedhi ,aku menungso kowe
syetan kudune seng wedi iki aku''
Jawabpe syetan '' Aku iku nglakoni duso ning
gusti Allah mung pisan , gara-gara duso mung
pisan thok aku di kutuk gusti Allah sampek
dino kiamat pak' , La jenengan kulo tingali niki
wau dhuhur gak sholat,asar gak sholat,magrib
gak sholat,isya gak sholat,Aku yakin sesok
subuh mesti gak sholat sampean,dadose
jenengan niku langkung syetan tinimbang kulo''
NB: Dadi pengumuman kanggo masyarakat
dumay
''Lek ono wong ngaku islam nanging kok gak
sholat , ura usah wedi karo syetan , yo
sampean iku rajane syetan
Selasa, 26 Mei 2015
Luwih elek manungso.tinimbang setan
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar